SEMAR
MBABAR JATIDHIRI – Ki Timbul Hadi Prayitno
:Ana teja sumorot
sundhul ing ngawiyat tak prepegi ilang wujuding teja, ana wong bagus!! Wong
bagus, ngakua sapa jeneng, sapa jeneng, ngendi omah!!
:Ora mangkana
pitakonmu ngampyak kaya wong njala, nggetak kaya wong nggusah manuk. Genti aku
takon ngendi dhangkamu, sapa pracekamu.
:Babo!! Takoni
durung njawab, teka njunjung dhangka, njunjung buta !!
:Ora katon widadari
ing ngarepanku, buta sayekti papane dhangka.
:Senajan aku buta,
nanging aku dudu buta sembarangan nanging buta abdining ratu.
:Ratu ngendi ngewulake
wong kaya kowe?!
:Andhelen saka
negara Manik Imantaka, Ditya Cengklong Puspitanala. Kowe sapa gus?!
:Satrya saka
Yawastina, Bambang Sidapeksa kekasihku . . . . . .
Para rawuh sutresnaning ringgit purwa. SAmenika kula
aturaken audio saking dhalang ingkang mesthi panjenengan tresnani, mliginipun
panjenengan ingkang remen kaliyan ringgit purwa gagrak Mataraman. Ki Timbul
Cerma Manggala
Pagelaran ringgit purwa menika kagelar ing kalanipun
pemerintahan republik kita taksih salebeting era orde baru. Lha ing mriki,
ingkang kagungan kersa menika partai politik penguwaos negeri nalika semanten.
Mila mboten bab ingkang aneh, ringgit menika senajana lampahan baku utawi
pakem, nanging ing mrika mriki nyrempet propaganda pemerintah ingkang ing wanci
rumiyin taksih nedhengipun njembar wiyaraken werdining dhasar negari kita,
murih saged waradin katanem ing nglebeting sanubari rakyat Indonesia.
Semar Mbabar Jatidhiri, kalampahan nalika jamanipun sampun
dumugi ing jaman sasampunipun lampahan Baratayuda, utawi jaman KalilMataya.
Mila para pamiarsa ingkang kepengin mersudi undhaking pengertosan bab jaman
wayahipun para Pandhawa, saged tumut sinau lampahan ingkang dipun prangguli
para wayah Pandhawa ing Negari Yawastina utawi rumiyin kawastanan Nagari
Ngastina.
Nagari tetilaran eyang-eyangipun sampun karebat, nanging
kathah para mengsah turun bebuyutan, lumintu anggenipun damel giri-godha.
Panggodha wonten ingkang tumindak mbidung api rowang, lan kathah ugi
ingkang blak kotang terus terang.
Cariyosipun, nalika semanten Prabu Parikesit nampi
wangsiting jawata, menawi Negari Yawastina ingkang senajana katiti jroning
katentreman, nanging wonten titikan, salebeting katentreman wonten
pletiking latu ingkang sawanci-wanci saged mangalad ngobar negari. Mila Prabu
Parikesit tekung ing samadi sasampunipun bibar pasewakan. SAlebeting muja
brata, Prabu Parikesit nampi wangsiting dewa, negari saged kalis ing rubeda
menawi saged mboyongi wangsul Ki Lurah Semar Badranaya ingkang sampun sawetawis
wekdal mboten ketingal marak seba.
Kadi sinambering gelap tuna, Prabu Parikesit enget menawi
jimat urip kekasihing para eyangipun ingkang dangu mboten ketingal Sasampunipun
wudar saking semadi lajeng mendra saking praja nyarirani pribadi ngupadi wulu
cumbu jimat urip pamong sejati, inggih menika Kyai Semar Badranaya
Senajana nalikanipun ing Pasewakan sampun ngutus
rayinipun, inggih menika wayah Raden Sadewa utawi putranipun Raden
Saluwita ingakang nami Bambang Sidapeksa. Nanging amargi saking wangsit
menika, Prabu Parikesit parikedah linggar saking Praja. Ingering Negari
kapasrahaken rumiyin kaliyan Patih njawi Raden Dwara- Putra Raden Samba, lan
Patih nglebet, Raden Danurwenda – Putra Raden Antareja. mboten kantun kaembanan
dening eyangipun inggih punika Resi Curiganata sepuhipun Resi Jaladara.
Sesarengan ing wanci, Raden Sidapeksa sowan ing Pertapan
Kendhalisada papanipun Resi Mayangkara saperlu najihaken ing pundi dununging
Jimat urip Pamong sejati. Lan Prabu Parikesit ugi tindak sarira tunggal ngupadi
dununging pawongan ingkang sami.
Jengkaripun Prabu Parikesit nyata ndadosaken mengsah
salebeting kemul kados dene angsal kalodhangan mbidhung damel kisruh tetreming
negari. Putra Raden Jayadrata ingkang ing wadagipun teluk kaliyan Prabu Parikesit,
nyatanipun namung tumindak lelamisan.
Ugi, wayahipun Prabu Puntadewa -turun Raden Pancawala-
inggih menika Prabu Pancakusuma, ingkang samangke ngedhaton ing Pancala utawi
Cempala, kagugah rasanipun, sasampunipun kablithuk-kaapus krama dening parampara
Yawastina- Gajaktisura-, turun Kurawa sanesipun lajeng tumut wontening umyeging
kisruh.
Nalika samanten Gajaktisura sampun kelampahan urub-urub
damel kobaring swasana. Narka menawi ingkang rayi Prabu Parikesit mboten kuwasi
ngasta bawat rentengin negari, kapriksan dening Prabu Pancakusuma. Nebah jaja
tanpa sengaja, Prabu Pancakusuma. Nanging ambegipun Prabu Pancakusuma ingkang
kadunungan pusaka tetilaranipun ingkang eyang wujud sangsangan robyong.
Sanalika jleg dados brahala sagunung anakan. Triwikrama Prabu Pancakusuma. Tri
tegesipun tiga, wikrama jangkah. Bebasan namung tigang jangkah, wujuding
brahala kuwawi muteri jagad. Ngamuk punggung wekasan saking iguh pretikelipun
Resi Curiganata, paranpara Yawastina mundur palarasan.
Kocapa Prabu Parikesit ingkang lagya milang miling kaya
jangkung. Priksa soroting teja ngganther sasada lanang. Mboten kewran lamun
menika tejaning Kyai Badranaya, sigra marepegi dunungipun kang lungguh
mengngkruk-mengkruk. Ing mriku para kadang wayah Pandhawa sami kempal midhangetaken
Kyai Semar anggenipun mbabar jati dhirining bangsa. Pancasila!!
Sepindhah malih. pagelran menika dipun adani kangge
mengeti 50 tahun Indonesia Merdhika. Manggen wonten ing palataran ngajeng
gedhong DPP Golkar Slipi ing Sabtu Pon, 3 Juni 1995. Janipun taksih tebih
saking ulang tahun Kamardhikan.
Para rawuh, gelaran ringgit purwa
menika kairing Karawitan saking Swasta Widya, kanthi pesindhen, Nyi Ngatirah,
Nyi Nurani, Nyi Surani lan Nyi Djuminah. Sinaosa kaset sampun rapuh lan
sebagian sampun nyuwanten flutter. Nanging semantena, seserepan ingkang kita
pikoleh saking pagelaran Ki Timbul menika saged nambahi pangertosan tumraping era post Baratayuda utawi jaman Kalimataya.
Gandheng kaset menika ugi karekam MONO, ing garapan melahi
kaset no 2, kula tambahi effek ruang, supados langkung kung. Sumangga
sugeng ngundhuh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar